Eling – Eling
Eling- eling siro menungso.
Temenono anggonmu ngaji.
Mumpung durung den rawuhi.
Moloikat juru pati.
Luwih loro , Luwih susah.
Rasane wong neng neroko.
Klabang Qures kolojengking.
Klabang geni ulo geni.
Cawisane wong kang duroko.
Gumampang dawuh pangeran.
Dasar kang manut perintah tuhan.
Luwih mulyo,luwih mukti.
Rasane wong neng suwargo.
Pitung puluh widodari.
Kasur barut den cawisi.
Dawuh pangeran kang maha suci.
Mukmin lanang lan mukmin wadon.
Mumkmin iku sederek kulo.
Agami islam agami kulo.
Kitab Quran panutan kulo.
Mukmin lanang lan mukmin wadon.
Mukmin iku sederek kulo.
Allohuma sholi’ala.
Muhammad syafi’il anam.
Waalihi wa sohbihi.
Wasalim ‘ala dawam.